Hikmah Peristiwa Isro' Mi'roj Nabi

الخطبة الأولى

 

الحمد لله، الحمد لله الذي أسرى بعبده ليلا من المسجد الحرامِ إلى المسجد الأقصى، لقد أراه فى المَسِير آياتِهِ الكبرى. اللهم صل على سيدنا محمدٍ صلى الله عليه وسلم ثمّ عُرج به إلى السماوات العُلى، وعلى آله وصحبه وسلم تسليما كثيرا. أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله لا نبي بعده. اما بعد. فأوصيكم ياعِباد الله وايّاي بتقوى الله، فاتقوا الله حق تقاته ولا تموتن الا وانتم مسلمون. أعوذ باللّٰه من الشّيطان الرّجيم، بسم الله الرّحمن الرّحيم: يا أيّها الّذين آمنوا اتّقوا الله وقولوا قولا سديدا، يُصلح لكم أعمالكم ويغفر لكم ذنوبكم ومن يطع اللهَ ورسوله فقد فاز فوزا عظيما. وقال تعالى : ٱتْلُ مَا أُوحِيَ إِليك مِن الْكتابِ وَأقمِ الصّلاةَ ۖ إِنّ الصّلاةَ تَنهىٰ عنِ الْفحْشاءِ والْمنكرِ. الآية. صدق الله العظيم.

Ma’asyirol muslimiin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Kolo wingi kito nembe ke mawon mengeti peristiwa agung engkang nate dipun lampahi Rosululloh SAW, Inggih puniko perjalanan isro’ lan mi’roj, meniko mboten namung sekedar peristiwa engkang nuduhaken mu’jizatipun Kanjeng Nabi, peristiwa engkang nuduhaken kekuasaanipun Gusti Alloh, ananging peristiwa meniko merupakan sebuah ujian keimanan, kagem umat islam termasuk kulo panjenegan sami, secara akal hal meniko sulit diterima, pramilo zaman semanten poro shohabat engkang percados namung shohabat engkang sampun mantab keimananipun, kados dene shohabat Abu Bakar RA,  pramilo piyambakipun dipun paringi gelar Ashshiddiiq, keranten panjenenganipun engkang pertama kali mengimani, ugi percados bahwa peristiwa isro’ mi’roj meniko saestu terjadi, tanpo wonten keraguan sedikitpun, Shohabat Abu Bakar yakin bahwa Rosululloh meniko ugi kagungan sekawan sifat wajib engkang salah setunggalipun kawastanan “siddiq” artosipun nopo kemawon engkang dipun aturaken Kanjeng Nabi sedoyo meniko adalah sebuah kebenaran, pramilo meyakini hal meniko, bagi kito umat islam hukumipun ugi wajib. Zaman semanten peristiwa isro’ mi’roj, secara langsung saget kagem membedakan pundi tiyang engkang saestu iman pundi tiyang engkang kafir, keranten tiyang kafir quraisy mboten saget membenarkan, bahkan ingkar dumateng hal meniko, tiyang-tiyang engkang namung mengandalkan logika akal, mboten nyandak nalaripun nalikanipuin memikirkan hal meniko, sebab tiyang kafir piyambakipun berfikir tanpo dipun sartani keimanan. Pramilo peringatan isro’ mi’roj engkang kito lampahi meniko saestu sageto nambahi raos iman kito dumateng Alloh SWT.

Jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Kito sami mangertos bahwa diawal peristiwa isro’ lan mi’roj meniko Kanjeng Nabi dipun belah dadanipun, dening Malaikat Jibril dipun suceni manahipun kanti tuyo zamzam, hal meniko bukan berarti manahipun Kanjeng Nabi kotor, kito mboten pareng memahami bahwa hati seorang nabi mboten suci, bahkan dianggap kotor sahinggo perlu dipun sucikan,  kito kedah yakin bahwa Kanjeng Nabi meniko manusia engkang sempurna engkang maksum, lajeng tengnopo sak derengipun nglampahi peristiwa isro’ lan mi’roj hati seorang nabi perlu dipun sucikan dengan air suci zamzam? Jawabipun engkang ongko sepisan :

Perjalanan Isro’ lan mi’roj meniko perjalanan engkang tebih sanget, tetapi dipun tempuh dalam waktu semalam, bahkan riwayat lintu nyebataken perjalanan isro’ namung dipun tempuh dalam sejep mata. Bahkan secara sains utawi ilmu fisika perjalanan isro’ saking masjidil harom dumugi masjidil aqsho, lan perjalanan mi’roj saking masjidil aqsho dumugi sidrotil muntaha, meniko jarak tempuhipun tebih sanget, jika dilakukan dalam waktu semalan, menawi dipun hitung secara matematis mongko Kanjeng Nabi mbetahaken kecepatanipun diatas kecepatan cahaya, kecepatan cahaya meniko sami kalian 300.000 km/detik. Melaju dengan kecepatan cahaya meniko tubuh manusia normal pasti hancur, mboten saget bertahan saking tekanan sebuah kecepatan. Pramilo tubuh seorang Nabi Muhammad engkang a’rodul basariyah (bertubuh seperti manuasia biasa) perlu sebuah mu’jizat ketahanan tubuh engkang kedah kiat kagem bertahan diatas kecepatan cahaya. Pramilo sakderengipun berangkat isro’ lan mi’roj malaikat jibril perlu membedah mengoperasi memodifikasi menyempurnakan kekuatan tubuh manusia nuwun inggih badanipun Nabi Muhmmad supados saget bertahan nglapahi peristiwa isro’ lan mi’roj dengan melaju diatas kecepatan cahaya. Pramilo hikmahipun kagem kito saking peristiwa disucikannya Nabi sebelum melakukan perjalanan isro’ lan mi’roj meniko menjadi landasan kito ugi dipun syari’ataken setiap bade melakukan perjalanan nopo ke mawon,  bade nglampahi sesuatu nopo ke mawon kito dipun sunahaken dipun syari’ataken badan kito dalam keadaan suci langkung-langkung manah kito ugi dalam keadaan suci.

Engkang ongko kaleh, tengnopo atinipun utawi manahipun Nabi Muhammad perlu diperkuat keteguhanipun, keranten Nabi Muhammad Bade kepanggih langsung kalian Alloh SWT, mboten sedoyo Nabi saget berhadapan langsung kalian Alloh, pramilo Malaikat Jibril membekali kekuatan hati Nabi Muhammad engkang bade sowan menghadap langsung dumateng Pengeranipun. Bahkan wonten ing kathah riwayat nyebataken sak dangunipun isro’ lan mi’roj Kanjeng Nabi meniko selalu dipun dampingi Malaikat Jibril, tetapi nalikanipun dugi sidrotil muntaha Nabi Muhammad dipun perintahaken memasuki sebuah tempat engkang naminipun Mustawa, untuk menghadap langsung menerima wahyu saking Alloh SWT, Nabi Muhammad taksih nyuwun dipun dampingi kalian Malaikat Jibril, tetapi Jibril matur dumateng Kanjeng Nabi, Ya Rosulalloh teguhkanlah hatimu, kuatkanlah imanmu, namung Panjenengan piyambak engkang kiat, engkang dipun izinkan tindak dumateng Muswata, kulo meskipun seorang malaikat badan kulo mboten kiat memasuki tempat meniko. Menikolah salah setunggalipun sebab Malaikat Jibril mensucikan ugi menguatkan hati Nabi Muhammad sak derengipun perjalanan isro’ mi’roj nuwun inggih keranten Kanjeng Nabi bade menerima wahyu bertemu langsung kalian Alloh SWT. Menikolah keistimewaan Nabi Muhammad menawi dipun bandingaken kalian Nabi lintu sebab mboten sedoyo Nabi nate menerima wahyu secara langsung saking Alloh SWT.

 

Jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Dinten meniko dinten jum’at terakhir wonten ing wulan rojab, beberapa amalan saget kito lampahi dinten meniko, engkang sepisan : Rosululloh mengajarkan dumateng kito bahwa keberkahan ing dalem wulan rojab meniko saestu ageng saget barokahipun, kito dipun anjuraken ngatah-ngatahaken maos do’a :

اللّٰهمّ بارك لنا فى رجب وشعبان وبلّغنا رمضان

Duh Gusti Alloh, Penjenengan paringi barokah dumateng kito ing wulan rojab lan wulan sya’ban, ugi Penjenengan panjangaken umur kito sahinggo mangke saget ketemu kalian wulan romadhon.

Engkang ongko kaleh: kasebataken wonten ing kitab “al-Fawaid al-Mukhtaroh” Panjenenganipun Al-Habib Ali bin Hasan Baharun ijazah saking Gurunipun al-Habib Zain bin Ibrahim bin Smith ndawuhaken :

فَائِدَةٌ، لِإِبْقَاءِ الدُّرَيْهِمَاتِ فِيْ جَمِيْعِ السَّنَةِ اَلْإِتْيَانُ بِهَذَا الذِّكْرِ خَمْسُ وثلاثيْن مرّة فِيْ آخِرِ جُمُعَةٍ مِنْ رَجَبَ حَالَ الْخُطْبَةِ الثَّانِيَةِ، وَهُوَ أَحْمَدُ رَسُوْلُ اللهِ مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله، وَقَدْ جَرَّبَهُ الْكَثِيْرُ وَصَحَّ عِنْدَهُمْ.

 

Artosipun : Supados rizki materi engkang arupi arto tetep dipun jamin dening Gusti Alloh, mboten bade telas sepanjang tahun, kito dipun anjuraken ngamalaken amalan meniko minimal kaping tigang ndoso gangsal (35) ing dinten jumat terakhir wulan rojab (utawi dinten meniko) khususipun ing wekdal khotib maosaken khutbah kedua mangke.  inggih puniko waosan أَحْمَدُ رَسُوْلُ اللهِ مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله meniko merupakan amalanipun salafusholih engkang sampun terbukti hasil dipun ijabah dening Gusti Alloh SWT.

Pramilo mangke nalikanipun khotib maosaken khutbah ke dua, Penjengan sami maos kalimat meniko أَحْمَدُ رَسُوْلُ اللهِ مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ الله , cekap wonten ing manah penjenengan sami. Ijabahipun amalan meniko sebab barokahipun wulan rojab ugi barokahipun Kanjeng Nabi, keranten kito sami yakin bahwa Nabi Muhammad Meniko utusanipun Gusti Alloh engkang nate dipun perintahaken Isro’ lan Mi’roj ing dalem wulan rojab, bahkan wonten ing dalem peristiwa meniko Kanjeng Nabi nampi wahyu agung arupi ibadah sholat engkang dipun lampahi umat islam sejak zaman rumiyen, engkang kito lampahi ngantos saat meniko lan ugi tetep dipun lampahi umat islam ing akhir zaman mangke.

Akhirul khutbah, mugi-mugi kulo panjenengan sami tansah kaparingan kekuatan iman, yakin atas sedoyo kekuasaanipun Pengeran, yakin atas sedoyo engkang sampun dipun ajaraken Kanjeng Nabi dumateng umatipun. Sahinggo sageto kulo panjenengan sami kasebat tiyang mukmin, inggih puniko tiyang engkang gesang kanthi iman, langkung-langkung iman meniko kito beto ngantos dumugi ing akhirat mbenjang, nderek sartanipun golongan tiyang-tiyang ingkang mukmin wonten ing suargo mbenjang engkang saget kepanggih dumateng Alloh SWT. Amin YRA.

 

بارك الله لي ولكم في القراٰن الكريم، ونفعني وإيّاكم بما فيه من الاٰيات والذّكر الحكيم، وتقبّل الله منّا ومنكم تلاوته إنّه هو السّميع العليم، فاسألوا أهل الذّكر إن كنتم لا تعلمون، وقل رّبّ اغفر وارحم وأنت خير الرّاحمين. أقول قولي هٰذا، وأستغفروه إنّه هو الغفور الرّحيم.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

الخطبة الثانية

 

الْحَمْدُ للهِ، الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ الشَهْرَ الرَّجَبَ مِنْ بَعْضِ اَشْهُرِ الْحُرُمِ ، وَفِيهِ سَلَامٌ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ، نَحْمَدهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ عَلَى مَا أَعْطَى وَعَلَى مَا أَوْلَى نَشْكُرهُ، أشْهَدُ أنْ لَا إلٰهَ إلَّا اللهُ وَحْدَهُ لا شَريكَ لَهُ، تَبَارَكَ اسْمُهُ وتعَالَى جَدُّهُ وَلَا إلٰهَ غَيْرُه، وأشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، بَعَثَهُ اللهُ تَعَالَى بِالدِّينِ وَلِلْعَالَمَيْنِ بَرَكَاتُهُ .اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، عَبْدِكَ وَنَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا بِقَدْرِ عَظَمَةِ ذَاتِكَ فِيْ كُلِّ وَقْتٍ وَحِيْنٍ. أمَّا بَعدُ :أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقوا اللهَ تَعالى وأطِيعُوه، واعْلَمُوا أنَّهُ اَمَرَنَا فِى كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: قُل اللّٰهُمَّ مٰلِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِى الْمُلْكَ مَنْ تَشَاۤءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاۤءُۖ وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاۤءُ ۗ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۗ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، سَيِّدِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْآخِرِيْنَ وَسَلِّمْ وَرَضِيَ اللهُ تَبَارَكَ وَتَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُولِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ :

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ .اللّٰهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ ٣ .اللّٰهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي عُمْرِنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي عَمَلِنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي رِزْقِنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي أهْلِنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي ذُرِّيَّتِنَا، وَبَارِكْ لَنَا فِي مَا أعْطَيْتَنَا، وَلَا تَجْعَلْنَا مِنَ الْخَاسِرِينَ، اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ .اللّٰهُمَّ افْعَلْ بِيْ وَبِهِمْ عَاجِلًا وَآجِلًا فِي الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، مَا أَنْتَ لَهُ أَهْلٌ وَلَا تَفْعَلْ بِنَا يَا مَوْلاَنَا مَا نَحْنُ لَهُ أَهْلٌ إِنَّكَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ جَوَادٌ كَرِيْمٌ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌوَصَلَّ الله عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، صَلَاةً تَدُوْمُ بِدَوَامِكَ وَتَبْقى بِبَقَائِكَ، لَا مُنْتَهَى لَهَا دُوْنَ عِلْمِكَ صَلَاةً تُرْضِيْكَ وَتُرْضِيْهِ وَتَرْضَى بِهَا عَنَّا يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.

 

Tidak ada komentar

Diberdayakan oleh Blogger.